Sunday, March 5, 2017

Parjo & Samin: Belajar Ikhlas



*Parjo* : Kang, sampeyan ngenehi duwik nang Joyo?
*Samin* : Iyo
*Parjo* : Sampeyan diapusi, Joyo kuwi sugih
*Samin* : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gustine Joyo.

*Parjo* : Lho sendalmu endi, Kang? Kok cekeran?
*Samin* : ilang
*Parjo* : Ora mbok golek'i sopo sing nyolong?
*Samin* : Ora, aķu biyen lahir yo ora sandalan

*Parjo* : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo
*Samin* : Ben wae
*Parjo* : Sampeyan ora nesu?
*Samin* : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo, Joyone yo ra nesu

*Parjo* : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo
*Samin* : Wes ben
*Parjo* : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
*Samin* : Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo

*Parjo* : Kang, wis maem??
*Samin* : Durung
*Parjo* : reneo tak wehi duwik
*Samin* : Wegah. Aku gak doyan. panganen dewe nek kowe seneng duwik

*Parjo* : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo
*Samin* : Ben. Untung senenge taneman, lha nek senenge papan , malah omahku sing entek dipangan

*Parjo* : Kang, kowe ki ket  mau mlaku ngalor ngidul ora jelas?
*Samin* : Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok

*Parjo* : Kang, klambi sing mbok jemur dicolong maling lho
*Samin* : Ben wae, kuwi mergo salahku dewe, wong njemur klambi kok tak pamer2ke ning njobo omah

*Parjo* : Kang, kok mlaku? Sapi sing biasane mbok tumpaki endi?
*Samin* : ilang
*Parjo* : Kok malah ngguya ngguyu?
*Samin* : Lha untunge dicolong pas nggak tak tumpaki

*Parjo* : Kang, gajine Joyo luwih gede timbang kowe lho.
*Samin* : Ben wae
*Parjo* : kan nggak adil
*Samin* : Adil kan nggak kudu podo. Wong kowe tak wehi mangan katul koyo pitik yo emoh to?

*Parjo* : Kang, pelem-mu dicolong Joyo lho
*Samin* : Ben wae
*Parjo* : Kok ben?
*Samin* : Lha kowe kok ribut to? Biasane dipangan codot wae aķΰ yo meneng wae

*Parjo* : Kang, jarene omahmu kemalingan?
*Samin* : Iyo
*Parjo* : Kok iyo ? artine sampeyan ngerti ?
*Samin* : Ngerti. Tp endasku mumet mergane isin aku ra nduwe barang sing pantes dimaling..

Sopo wae sing nalar e koyo Samin, uripe bakal tentrem.....🌻👯😍😎

No comments: